Bocah Kang Mituhu Kumpulan Cerita Cekak

Pengarang: Wiwit Murih Widodo

Editor: Wiwit Murih Widodo dan Vitriya mardiyati

Ilustrator: tim kym

Penerbit: PT Komunitas Yuk Menulis

Sinopsis: Ba’da Isya’an Siti sinau ana ing kamar. Wektu iku Siti sinau kanthi maca buku paket wulangan Bahasa Indonesia lan Sains sarta garap tugas. Sawise sinau lan rampung garap tugas-tugas saka sekolah, Siti banjur metu saka kamare menyang ruwang kulawarga. Ing ruwang kuluwarga Bapak lan Ibune lagi pinarak lan ngendikan karo ngaso sinambi ngunjuk wedang jae lan dahar bakpia. Priksa Siti metu saka kamar, Ibune nuli nimbali. “Nduk, mrene, lungguh kene,” ngendikane ibune. “Inggih, Bu,” mature Siti. “Uwis rampung ta anggonmu sinau, Nduk?” ngendikane ibune karo ngelus-elus rambute putrine. “Inggih, Bu, alhamdulillah sampun, Bu,” wangsulane Siti. “Alhamdulillah, sing sregep ya, Nduk, anggonmu sinau supaya dadi bocah kang cerdas lan solihah, ana syiiran apik coba digatekake” ngendikane Ibune banjur syiiran kang nerangake bocah solih solihah. “Injih, Bu. Wah, sae sanget, Injih, Bu, menawi Ibu syiiran swantene kados Nisa Sabyan,” Siti atur pangalembana marang ibune. Mireng pangalembana Siti marang ibune, Bapake Siti sarujuk banjur melu ngacungke jempol asta loro. “Alhamdulillah, nanging sing paling penting, wose syiiran iku digatekake supaya bisa kanggo pepiling tumrap bocah-bocah. Dadiya bocah kang solih solihah, bocah kang mituhu” ngendikane Ibune. “Inggih, Bu,” mature Siti.

Tahun terbit: 2025
Kategori: Fiksi
Media terbit: Cetak
Jumlah halaman: 144 Halaman
NIPB: 990000502510735
© KYM IT Team